ALAMING LELEMBUT
Dening : Oyos
“LE, sajene iki ndang kirimen neng nggone Mbah Jonilo, ben slamet ora ana alangan apa-apa,” prentahe Mbokdhe Kasih nyang Warijo ponakane awan kuwi. Karepe Mbokdhe Kasih ki, kanggo ngurmati adat kang kelaku ing dhaerah kono. Awit, isih akeh bebrayan pedunung kono, kang isih ngugemi adat kuwi. Akeh panemu kang kandha, sok sapa kang ewuh utawa nduweni kajat ing wewengkon Ngujang kono, samangsa ora kirim sajen nyang pundhen Ngujang utawa Mbah Jonilo, bakal kedrawasan.
“Gek ngene ki, blangkrah apa ta Dhe-Dhe,” wangsulane Warijo ngemu suarasa panyenges, tur ora tumandang. Para rewang sing padha krungu, ora ana kang nyethulani. Awit kabeh wis padha ngerti watak wantune Warijo. Mung wae Lik Kasiyo kang rada nyetitekake Warijo kanthi mencereng. Lik Kasiyo dina kuwi dheweke dhapuk tukang gawe wedang. Yen ing wewengkon kono tukang gawe wedang ki karan Pagembus!
Krungu wangsulane Warijo, Mbokdhe Kasih mlengak. Sajak ora mathuk karo wangsulan kuwi. Karepe Budhe kasih, senajan ora percaya marang gugon tuhon kang mengkono kuwi, ning mbok ora usah nyepelekake gedhene maido.
“Wis ta Le, gelem pa ra…?! Yen ra gelem tak budhal dhewe…” panantinge Mbokdhe Kasih.
Warijo isih owol. Ora gelem ki ewuh karo budhene lan ewuh karo sing padha rewang. Yen budhal ki, kok nyingkur kapitayane kang anyar… Kanthi ati kang isih nggrundel, Warijo wangsulan :
“Ya Dhe, kene tak kirime...,” wangsulane katon banget yen kepeksa.
Sakwise ngangkat sajen wadhah rege kuwi, Warijo budhal. Warijo klithih-klithih mlaku nuju panggonan Pundhen Ngujang kang mung limang atus meter saka omahe Budhene, kanthi pandulu kosong! Ngene iki kanggone Warijo nerak wewaler ngagama. Ateges menungsa kalah karo syetan, ngono sing ana ing atine Warijo. Mangka, kapitayane Warijo sing anyar kuwi cetha nglarang samubarang kang mambu kharam.
Ing satengahing dalan Warijo mandheg. Dheweke leren neng angkring. Warijo kang goreh antarane kharam lan ora kuwi kelangan kestabilan emosi. Warijo judheg! Mula sajen kuwi diuntal dhewe. Sakwise wareg lan marem. Rege lan sisa-sisa sajen kang kari sethithik kuwi dibal. Dhiyelll….! Rege mencelat ora karuan parane. Sisa sajen kang morat-marit diideg-ideg! Lega atiku, batine Warijo. Mandak Mbokdhe Kasih ra wearuh wae kok?!
Marem anggone nguntal sajen, Warijo bali nyang omahe Mbokdhe Kasih. Kaya adate wong rewang, Warijo uga nyandhak gaweyan apa wae kang dadi bot repote budhene. Utamane ngangkat lengser minangka juru ladi. Kuwi kedadeyane wingi mungkur manggulan.
Dina iki dina temune pinanganten. Wanci bedhug kang adate panas ngemplang-emplang, nanging dina iki srengenge rada mblerek. Kadya senthir kentekan lenga patra. Ora adate, mendhung awan - den mas gludhug aweh sasmita gebres-gebres. Mendhunge jane ora kandel! Nanging rata. Kuwi kang ndadekake mutawatiri kang hamengku gati.
Kanthi gebrese den mas gludhug kuwi, saiki langite mbrebes mili. Grimise mudhun! Mbokdhe Kasih ora jenjem. Mangka kabeh syarat kanggo nyisihake udan saka Mbah Truna wis diayahi. Jam siji awan tangise langit tansaya ndadi! Udane deres! Mbokdhe Kasih tansaya ora jenak. Kamangka tamu awan kuwi isih siji loro. Lha wingi bubar manggulan uga durung pati ana tamu. Gek, mengko bakda Maghrib ijaban, katerusake temu manten.
Yen ngene kahanane, apa pulih iki ngko pawitane, ngono kang ana jroning atine Mbokdhe Kasih. Ora diselaki! Ing desa, akeh wong ewuh ki mung kanggo bisnis. Mula yen nandure biyen wis akeh, pengarep-arepe ya kudu bali. Mbokdhe Kasih semono uga. Rumangsane anggone buwuh ya wis taneg! Mula dina iki karepe kajaluk bali. Yen bisa kapara ana turahan. Kena kanggo dandan –dandan emperan.
Wis jam 3 sore, sajak ora ana tandha-tandha udan bakal mendha. Iki tansaya gawe jibege Budhe kasih. Arep nutuh Mbah Truna ora wani. Kejaba kuwi Mbah Truna uga wis bali. Rene maneh isih ngko bengi, saperlu nemokake temanten.
Bakda Maghrib, udan wis mendha. Nanging isih panggah grimis. Mbokdhe Kasih nyicil ayem. Syukur para-para kang kondangan becekan kuwi padha angestreni resepsine anake. Rak kena kanggo pulihan?! Ngono, pikire Mbokdhe Kasih.
Ijab qobul anake ragil, aran Sri lumaku lancar. Kepara tumrape bocah nom-noman, malam pertama kok udan ki malah sinebut berkah. Ora perduli sing mbandhani pawiwahan pahargyan temanten agung kuwi rugi, umpamane.
Ngarepne temu temanten, udan kaya disokake maneh. Senajan wedak pupure Mbokdhe Kasih ki mau ya kandel, nanging ora kuwawa nutupi abang irenge polatane Mbokdhe Kasih. Mbah Truna kang tinanggenah nemokake pinanganten wis tanggap sasmita karo apa sing karepne Mbokdhe kasih. Apamaneh Mbah Truna rumangsa dipencerengi.
Yen wis ngene iki embuh mengkone? Mulih diamplopi Mbokdhe Kasih apa ora? Mbah Truna wis ra mikir sangu. Dheweke sing cetha, melu kewirangan. Reputasine minangka dhukun kondhang kaonang-onang bisa anjlog, yen ngene carane. Kamangka yen manut etungan naga dinane ya wis bener. Mula polatane Mbah Truna melu suntrut!
Adicara pawiwahan pahargyan temanten lumaku kanthi lancar. Mung emane, sepi tamu. Awit udane kaya ora ana mandhege. Kuwi kang njalari Mbokdhe Kasih kaya angel anggone mesem. Apamaneh rumangsane Mbokdhe Kasih kabeh pawongan kaya-kaya tansah nyawang dheweke. Mengkono kuwi sejatine kahanan kang lumrah. Ing ngendi wae pancen kang hamengku gati ki tansah dadi punjering panyawang. Ning kanggone Mbokdhe Kasih wengi kuwi rumangsane rada keladhuk. Rumangsane semune padha nyokurake lan ngisin-isin dheweke.
Wanci kirab kanarendran kairing ungeling gendhing Ibu Pertiwi, para juru ladi kang racake isih mudha tumaruna padha ngayahi wajib ngangkat baki, caos dhahar para tamu. Sauntara kuwi, Mbah Truna kang lenggah rada nyisih ing emperan lagi dheleg-dheleg sinambi udut rokok kanggo ngilangi judhege lan ampege dhadha! Ora let suwe, Lik Kaisyo kang mesthine dhapuk ing pawon minangka tukang gawe wedang nrunyuk marani Mbah Truna. Lik Kasiyo bisik-bisik nyang Mbah Truno kaya ana samubarang kang wigati. Cukup anggone bisik-bisik Lik Kasiyo bali neng mburi.
Mungkur Lik Kasiyo bisik-bisik, katon Polatane Mbah Truna ajer saknalika. Nuli anggone ngudut rokok disedhot sakanteme. Sheee…ttt! Dhel...., keluk ditokke sakakeh-akehe. Katon yen Mbah truno anggone udud dimatne tenan!
Saiki Mbah Truna wis nyicil ayem. Senajan ta ora wani mesem. Awit uga njaga perasaane kang hamengku gati. Ayeme, krana wis siap jawaban yen sakwayah-wayah Mbdokdhe Kasih nutuh. Lan Kasiyo ya wis sanggup yen ta didadekake seksi.
Udan jebul terang ndhrandhang mbarengi paripurnane pahargyan watara jam 10 bengi. Mbokdhe Kasih kaya ora kuwat-kuwata. Kabeh para rewang kaya nyalahake Mbah Truna. Nanging Mbah Truna wis ora maelu kahanan kuwi.
Pangirane Mbah Truna bener, nalika pamit mulih, Mbah Truna ora diamplopi. Kok diamplopi? Kepara Mbokdhe Kasih setengahe mlengos jare! Nanging, Mbah Truna arep kandha apa kang dumadi ing wengi kuwi durung bisa. Durung wancine. Kahanane durung pas.
Sepasar anggone Mbokdhe kasih mantu, ana kabar yen Warijo kecelakaan ing saelore pundhen Ngujang. Jare kabar kuwi, nalika kuwi saka rumangsane Warijo dheweke nyingkrihi barisan kenya dhampyak-dhampyak kang huayu-ayu! Lha, dheweke njur nyisih. Ndilalah ing kono ana blegongan kalen kang ora disadhari Warijo. Montore keblegong kalen, raine Warijo natap setir! Sesuke Warijo ora bisa ndeleng! Warijo wuta! Mangka yen nitik tatune ora ana!
Tanpa Mbah Truno njlentrehake apa kang dumadi, wis sumebar kabar kang nelakake yen Warijo kesiku pundhen Ngujang. Warta yen Warijo nguntal sajen jatahe Mbah Jonilo uga santer banget! Saenggo ora prelu Mbah Truno, njlentrehake nyang Mbokdhe Kasih. Sapa maneh yen ora Lik Kasiyo sing nyebarne isu kuwi. Awit nalika Mbokdhe Kasih utusan kirim sajen nyang Mbah Jonilo mungkur manggulan kae Lik Kasiyo ora sengaja nyipati. Lan nalika dielingne karo Lik Kasiyo, Warijo ora ngreken! Lik Kasiyo meneng wae. Lik Kasiyo mung niteni. Ndilalah...., lha kok ngono dumadine.
Pundhen Ngujang panggone 500 meter kulone kantor desa Ngujang kidul dalan. Dudu kuburan kulon dalan sakidule kreteg Ngujang kang akeh ketheke kae. Wujude amung cungkup ing satengahe tegalan tebu. Ora ana maesane. Pundhen kuwi dipercaya minangka panggonane dhanyangan Ngujang, karan Mbah Jonilo! Ing dina-dina tinamtu akeh pawongan kang nyadran ing pundhen kono.
Jare gotheking ngakeh, Warijo kesiku pundhen kono. Pancen bebrayan ing desa ngujang kono isih lumaku adat, menawa arep ewuh kudu kirim sajen ing pundhen Ngujang. Pundhene Mbah Jonilo!
Mungguhe Warijo apa kang disandhang saiki kuwi ora ana gandheng cenenge karo anggone dheweke mangan sajen biyen. Kanggone Warijo iki pacobaning sing kuwasa kang kudu ditampa kanthi ikhlas. Lan tetep mangudi warase kanthi cara medhis. Wallahu a’lam bi showab.*** CUTHEL(Wis nate kapacak ing majalah Panjebar Semangat)