OYOS TULUNGAGUNG BLOG

Kamis, 19 Februari 2009

MANJA (ROMAN REMAJA)

MEMORY ENDAH ING LAPANGAN BEJI
Dening : Oyos


ADHUUUH… cowok kok cool banget… Lha piye… antenge, pintere, baguse, tindak-tanduke jiaaan ra ana sing ngguwak! Siji sing rada nganyelake ati. Cuek pol!!! Beja, dene aku bisa cecaketan karo Rio. Bisa ngemong Rio. Nadyan kerep nggadho ati. Kaya sore kuwi, aku sms Rio,” Yo, ngko nonton Ada Band neng lap Beji ya…,” pesan terkirim. Dakranti limang menit gak ana balesan. Ya wis, menawa sik repot. Pancen cowok siji ki rada aneh banget. Hobbyne bal-balan. Pemain idolane Wayne Rooney, strikere Manchester United. Utawa Lampard, gelandhang serange Chelsea. Aku jane gak mudheng blas, ing babagan bal-balan ngene iki… Ya merga Rio Ananta iki aku malih Gibol. Yen aku sih, hobbyku musik. Merry Andina, vocalist grup Garbis Band. Rak hebat ta? Apa maneh bandku makili sembarang festival musik kang dieloni sekolahanku. Soal prestasi gak usah diomongake! Ya apa? Sering juara ta? Gak blas! Gak tau juara blas! he he he… Ning…, ning piye? Yen antar kelas sa- SMA-ku, mesthi number one. Menang yen musuhe tembre-tembre! Sing penting rak juara ta. Sapa vocalist-se? Merry Andyna?!

Saiki kembali ke lap-top… He he he… kaya Empat Matane Thukul ae cah… Sik iki lho vocalist top saka SMA Kodhok digarap karo Kapten bal SMA Kodhok. Maksudku SMA-ku iki luwih dikenal kanthi aran SMA Kodhok ngono lho… Awit yen wanci rendheng ngene ki adate banjir lan akeh kodhoke. Yen wengi ana Natural Theot Theblung In Consert. Live Show pisan! Hebat ora?! Iya dhing, kembali ke lap-top, mbalik ngomongake Rio. Rio ki kapten tim sepak bola nggonanku. Agustus kepungkur mentas nggondhol Trophy Galasiswa. Minangka juara siji. Kejaba kuwi dheweke uga kapten tim SSB Satria kelompok umur 17.Wingi kae mentas juara siji tournament sepak bola Mojokerto Cup. Ing final, SSB Satria menang telu-nol mungsuh SSB tuan rumah. Kabeh sing ngegolake Rio! Rak hebat ta cowok iki. Mulane neng SMA-ku cowok iki kanggo rebutan cewek-cewek. Kalebu aku! he he he… Ck ck ck… lha iya ta, vocalist terkenal kaya aku ki lho kok trima fall in love ambek pemain ball Rio Ananta?! Gak perlu gumun ya?! Wong David Becham, bojone ya artis misuwur Victoria Adam saka kelompok Spice Girls. Maksudku, aku-penyanyi pacaran karo Rio-pemain bal rak wis memper karo kisahe David Becham ta? he he he… Krana prestasine lan watake Rio sing cool banget kuwi sing ndadekake kabeh cewek kepranan nyang dheweke.

Sepuluh menit wis mungkur. Hp-ku panggah mbisu wae. Jane ki lho, Rio ki mbathang pa piye ta! Mangkel aku. Sebab, aku selak ra kanten. Dakcoba miscall dheweke,” nomor yang anda hubungi sedang tidak aktif atau di luar service area silahkan hubungi beberapa saat lagi.”
Mati aku! Lha piye, anak band kok nganti gak nonton Ada Band, piye iki ngko?! Apa kata orang?! Kabeh wis semayanan berpasang-pasangan kok. Awit lagu-lagune Ada Band rata-rata romantis kabeh je. Lha aku karo sapa? Jane, kapan kae Rio ngomong bisa. Dheweke ya sanggup. Nanging detik-detik The Final Count Down iki rak kanggo memastikan dheweke bisa pa gak? Ngono lho karepku. Sapa ngerti ana alangan. Aku rak bisa ngajak Masku pa piye ngono?! Umpama neng sekolahan esuk mau kepethuk ngono gak repot-repot. Aku lan dheweke seje klas. Sekesuk mau aku rapat OSIS kanggo persiapan Dies Natalis. Saengga aku ra bisa methuki dheweke.

Karo ngranti sms-se Rio aku glethakan neng tempat tidur. Ora krasa pikiranku tumlawung kedadeyan sesasi kepungkur. Katon gawang-gawang nalika aku ngeterake Rio golek kostum bal idolane. Idolane yen ora Lampard ya Rooney. Ndilalah toko sport sak Tulungagung kok telat barange. Dakarahake nyang Steven Gerrad kapten tim Liverpool sing ngguaaantheng kuwi ra gelem. Jare gak cocok gaya maine. Mangka Steven Gerrad rak nggantheng memper dheweke ngono, karepku.
“Iki ae lo Yo, Steven Gerrad. Posisine playmaker, kapten Liverpool, wonge nggantheng, gak sombong, low profile,” kandhaku milihkee kaos Rio.
Awit sing digoleki lagi kentekan stock. Dheweke gak kumecap blas. Pancen angel, bocah sitok iki!
“Lampard ki rak rada sombong. Ngono kok dhemen? Apamaneh Wayne Rooney, hai… maine brangasan, gampang emosi! Gak patut ditiru, ngono cik seneng?!” kandhaku sinis. Dheweke gak semaur blas! Prinsipe dheweke kuat. Pancen ora arep niru watake. Sing disenengi rak gaya maine sing ciamik kuwi ta! Yen Lampard maine elegan. Yen Rooney jarene speed-te apik, skill apik, maine cepet. Naluri mencetak gol-le tinggi. Mula dheweke pilih gak sida tuku. Ngapa gak Christiano Ronaldo?! Rak maine atraktif! Jare, pengecut! Embuh Yo, karepmu! Saking angele golekane, mula aku njarag dheweke. Dakpilihne kostume Drogba, strikere Chelsea sing ireng kaya sogok thuntheng kuwi! Lan kostume Adebayor, strikere Arsenal kang ireng methentheng uga kuwi. Bene, yen nganti nesu, pikirku . Anyel je. Tenan! Dheweke mlengos.
“His! Apa lho kuwi?!” wangsulane cekak.
Nuduhake yen ra seneng nyang aku. Mula wektu kuwi sida gak oleh kaos. Pungkasane mung golek bakso, ing kidul stasiun. Mari kuwi…. ya mulih wae ta, wis wengi jare… Arep ngapa?! Sesuke nganti aku keraya-raya titip kaos Omku neng Kediri. Betheke mung nglabuhi Si Rio. Dakkon nalangi, kostume Lampard lan Rooney. Ukurane M. Untunge Om Yoso gak kabotan. Pancen embuh kok Om Yoso ki?! Cik cepete lho olehe nggolekake pesenanku. Sorene, wis oleh kaos. Loro pisan! Sapa sing ra bungah. Mula bubar maghrib langsung dakterake nyang omahe Rio. Rio mari adus. Awit sore mau ya latihan bal neng lapangan Pema.
“Rio ada, Tante?,” pitakonku nyang Mamine Rio.
Aku ngundang Tante awit Mamine Rio isih enom lan gaul lho… Apamaneh rambute dicet abang…Wuih… kaya cah anom ae!
“O, ada. Silahkan masuk,” wangsulane tante Endang grapyak.
“Rumahnya mana?”
“Lingkungan sepuluh, Tante,” nginterogasi calon mantu iki, batinku.
Rio mara nyang ruang tamu, kanthi polatan anyep. Mamine pengertian, nuli mlebu nonton TV,
“Silahkan ya…”
“Iya, Tante.”
“Hai… wis suwi Merr?” sapane Rio sepa!
“Sik tas,” wangsulanku.
Njur aku ngetokne T-shirt loro, abang lan biru saka tasku. Dheweke melu mbukaki saka bungkus plastik. Sing biru ana tulisane Lampard lan angka 8, sing abang ana tulisane Rooney kanthi angka 10, dheweke katon mesem bungah. Dheweke ngucap maturnuwun. Ngono, nalika mulih kok mung nguntapne thok. E…, ngesun sithik pa piye? Ora! Mandak Mamine neng njero ae kok ra wani. Apa maneh neng njaba rak rada peteng? Oalah…, tiwas dakarep-arep pengin disun jebul gak sida. Yo-Rio, cowok kok lugu banget! Kadhung dandan mathcing ngene, cowokku anyep. Asem! Pancen beda bek’e pergaulane bocah musik karo bocah bal?! Ah, embuh… Sing cetha aku susah banget yen ra bisa cecaketan karo Rio.

Ora krasa aku keturon. Tangi wis bakda ashar. Hpku gak ana pesan masuk. Panggilan takterjawab ya gak ana. Sing katon panggah gambare Rio nggawa trophy kuwi. Kang dakfoto nalika mentas wae tim bal-balan sekolahku menangake kompetisi galasiswa. Jian… cool banget! Nanging sore iki tansah gawe bingunge atiku.
Atiku bener-bener goreh. Piye ya yen nganti Rio gak bisa? Susah Aku! Dakbel panggah gak sambung. Ora let suwe Hpku nyanyi.. Karena wanita ingin dimengerti…pratandha ana SMS mlebu. Muga-muga iki Rio. Nuli tak bukak,”Mer, tenan ya ngko nonton Ada Band. Ketemuan di sana aja ya… aq dah janji ama Rio,” pengirime Ragil.
Ragil ki pemain gitar melodi grupku. Edan cah iki! Kok ya janjian karo Rio lho! Melu kompetisi rebutan Rio pa piye Si Ragil ki?! Mula sms-se gak dakbalesi. Mangkel aku!

Wektu tansaya nggremet. Bakda magrib Rio durung kontak blas. Mangka kanca kabeh semayan, budhal bakda Magrib. Aku wis dandan gaul uga. Aku nganggo clana sing mestake cendhak utawa modhel hipster. Saengga rada ketok bangkekanku. Ning gak over banget. Ngko mundhak Rio gak seneng. Hpku nyanyi maneh. Nuli dakbukak,”Mer, kanca nge-band wis budhal kabeh. Berpasangan kabeh! “ pengirime Yosi. Vocalist-se band kelas sewelas IPA. Mati aku! Aku tansaya adhem panas ngene iki. Rasane kudu nguyuh, ning yen dipipisake gak isa metu. Piye ta Rio ki! Sik ta maksude Ragil mau apa Rio gandhengan karo dheweke. Apa mung ketemuan neng lapangan ae nanging nggawa cowok dhewe? Apa Ragil niyat njarag aku? Sewu pitakon ngreridhu ati. Tansaya gawe bingungku. Kebangeten tenan lho Yo, yen nganti kowe gandheng karo Ragil. Pancen, Rio durung nate kandha tresna nyang aku. Nanging yen ndulu tindak-tanduke ki ana maksud tresna nyang aku. Lha iya, lakune pandom jam kaya dibandhangake wae. Ora let suwe kumandhang adzan sholat isya’ keprungu saka masjid Jami’. Ateges wis jam pitu kurang seprapat. Rio durung katon blas. Kanggo nyingidake grogiku nyang kulawarga aku ethok-ethok nonton TV, karo dhelot-dhelot nyawang pandom jam. Mbarengi Headline News Metro TV kang diwaca Najwa Shihab, krungu suwara montor mandheg neng ngarep omahku. Daksawang, jebul Rio.
“Yo…Yo, tiwas aku bingung!” kandhaku kanthi pasang ulat mbesengut.
Aku methuthut! Umpama lambeku dikuncit ngono, kira-kira kena.
“Merr, cepet! Selak telat!” kandhane ora nggenahke, ngapa ra mbalesi smsku lan ngapa nganti telat.
Bubar pamit Bapak Ibuk, langsung nggeblas nyang lapangan Beji. Montor dibandhangake. Embuh mlaku pira. Aku ngethapel kenceng, Jebul anget lho ngrangkul Rio! he he he… Teka lapangan, alhamdulillah isih durung wiwit. Acara kang mawa titel Ada Band Romantic Rhapsody bener-bener romantis abis. Jiaaan cocok ambek postere! Ajak Pasangan Anda Untuk Nonton Acara Ini! Eh, nalika neng lapangan. Jebul Rio wis sumadya kembang mawar nggo aku?! Aku gak ngira. Aku gak gabung karo kanca-kanca. Mundhak gak romantis acaraku. Rio ngrangkul aku saka mburi ngregem kenceng tanganku, tanganku nyekel kembang mawar wewehane Rio. Kala-kala ngaras pipiku… kala-kala uga rambutku… ambek ngematake lagu-lagune Ada Band, karo ngayun-ayun goyang melu iramane Ada Band….

Karena wanita ingin dimengerti…
Lewat tutur lembut dan laku agung….
Karena wanita ingin dimengerti…
Manjakan dia dengan kasih sayang…

Was-sumelangku ngranti tekane Rio wis disaur Rio kanthi regeman endah, sun sih katresnan ing lapangan Beji. Memory endah kang bakal angel daklalekake.*** Ana candhake. Tulisan iki wis nate kapacak ing majalah Panjebar Semangat.

0 Komentar:

Posting Komentar

Berlangganan Posting Komentar [Atom]



<< Beranda