OYOS TULUNGAGUNG BLOG

Kamis, 19 Februari 2009

CERKAK

MONCROT…!!!
Dening : Oyos

SAKING angele golek pangan, mula wong kaya Tarjo ki nggo njejegne kendhil ben ra nggoling, cara sing paling penak ora sah nyiriki gaweyan. Arepa nggayuh penggaweyan kang kinurmat sajake ya angel. Awit sekolah ya mung trima lulusan SMP. Saiki, gaweyan sing baku ya wis cekel. Yakuwi tukang sol sepatu kliling. Dene yen wengi longgar, janggol becak ya sae. Tegese ya ra isin. Umpama ana wong butuh apa wae, bisa nggolekne senajan ta mung trima mblantik. Sing penting asil lan halal. Ha-rak ngene ki wis cukup ngecakne teori ekonomi ta?
Kaya sore kuwi, krungu anake tangga arep butuh sepedhah, ora ngenteni engka-engko Tarjo langsung nggenahne nyang ibune bocah kuwi. Satemene sawetara dina sadurunge, Tarjo wis krungu yen Indra putrane Bu Slamet sing isih kelas siji SD kuwi, njaluk sepedhah. Njur Tarjo milang-miling ya wis usaha golek dagangan sepedhah.
“Dospundi Bu? Siyos pados sepedhah nggo thole?” pitakone Tarjo nyang Bu Slamet. Pancen Bu Slamet wingenane mentas mothel arisan PKK. Lan wis kandha yen mothel arep nggo nukokne sepedha Indra. Awit Indra kaya wis ra kena dipenggak kekarepane.
“Nggih, gadhah ta? Ning pun krungu Indra dhisik,” welinge Bu Slamet. Jalaran ngko yen wis nganti Indra cocog, gek barange dinyang ra kena? Pikire Bu Slamet.
“Gadhah…,” wangsulane Tarjo.
“Saget kula tingali?” kandahane Bu Slamet.
“Mbenjing enjing mawon, yen ngersakne Indra mboten ngerti. Yen barange isih sae lho Bu,” koyahe Tarjo.
Lumayan…., pikire Tarjo. Paling ora, bathi-bathi selawe ewu rak lumayan. Esuk mau, pas kliling ider sol sepatu, Tarjo wis milang-miling golek sepedhah. Kebeneran Bu Yuli arep ngelongi sepedhahe.
“Nggih yen ngaten,” sajake Bu Slamet ya kanten.

SESUKE ESUK, sinambi ider jasa sol sepatu ora lali Tarjo mampir neng daleme Bu Yuli, saperlu nggenahke sepedhahe wingi. Putrane Bu Yuli ki telu. Sepedhahe ya telu. Tinimbang ngebak-ebaki omah, karepe dilongi siji. Kejaba ya nggo nutup kebutuhan ekonomi. Awit yen wis tanggal tuwa ngene ki adate Bu Yuli threthek-threthek golek utangan.
“Bu, sepedhahe kalawingi ngersakaken pinten?” pitakone Tarjo.
“Ya pantese pira ta Mas?!” kandhane Bu Yuli.
“Pun ngaten Bu. Yen pareng seket kula beta,” panganyange Tarjo alak-alak athung. Oleh syukur, ra oleh ya gak papa. Yen gak oleh, ngko bisa mampir neng PDS ing mburi terminal, pikire Tarjo. Bodho-bodhoa, Tarjo bisa maca phsykologine Bu Yuli. Sakmono rak wis oleh, pikire Tarjo. Mung sepedha cilik wae kok. Tarjo yakin, ngko mesthi diparingke.Tenan. Bu Yuli sajak gretehan.
“Ya sampeyan tambahi sithik ta, Mas. Dhuwit semono ki oleh apa…,” kandhane Bu Yuli. Santo ra ngreken. Oleh sakmono ra oleh karepmu, pikire.
“Pareng, mboten? Yen mboten pareng, mboten napa-napa lho?” kandhane Tarjo.
Sakwise dipenggalih sauntara, njur,“Ya wis, pokoke bayar jreng lho?!” Bu Yuli pasrah. Awit ya piye maneh. Lha wong, omahe cilik njur tinimbang ngebak-ebaki omah. Ora wurung yen ra kanggo ya mung didol nyang rosokan. Paling kepepete pet, ya dadak mlayu golek utangan tangga. Rak malah ngisin-ngisini.
“Nggih, mangke sonten yatrane? Kula tak mubeng riyen”
“Ya-ya, ning aja molor lho?” welinge Bu Yuli.
“Mboten –mboten,” wangsulane Tarjo ngyakinake. Tarjo wis kandha neng Bu Yuli, pancen ana wong butuh sepedhah cilik. Cekake petung, pokok Bu Yuli, weruh seket resik. Perkara didol pira wae Bu Yuli wis ra mangerteni.
Mungkur kuwi, Tarjo wis ra niyat ider sol sepatu maneh. Sing ana pikirane kepriye amrih sepedhah iki ndang dadi dhuwit. Enggal-enggal wae sepedhah cilik kuwi diunggahne ndhuwur kothak wadhah perkakas sol sepatu kang wangun obrog. Sakwise ditaleni Tarjo pamit. Tarjo ora ider maneh, nanging mancal sepedhah nggeblas, mulih.
Ora suwe Tarjo wis tekan ngomah, sepedhah njur didhunke. Sajak ra sabar, esuk kuwi Tarjo langsung neng daleme Bu Slamet. Ya mung tangga tunggal pager wae, ora ndadak kulanuwun-kulanuwunan, Tarjo langsung undang-undang,“Bu, Bu Slamet? Masak?”
“Nggih, ten napa?” Bu Slamet metu saka pawon marani sing undang-undang. Masake neng pawon ditinggal. Ra wedi gosong wong saiki sarwa modern. Adang wae ya nganggo Magic Com. Metu saka pawon Bu Slamet sajak mesem. Lha iya, Mas Tarjo ki lha kok cepet banget olehe barang, pikire Bu Slamet.
“Niki lho Bu, sepedha ingkang kula aturne kalawingi,” kandhane Tarjo karo ndudohke sepedhahe.
“Pinten Mas, ngene ki?” pitakone Bu Slamet.
“Murah kok Bu, niki wau nyuwune sing gadhah, pitung puluh lima? Gek kondhisine sik pitung puluh lima persen!?,” umuke Tarjo.
“Ya aja ta, wong wis bekas ngono kok? Seket angsal?” pangenyange Bu Slamet.
“Dereng pareng Bu. Haa-ten toko malah pinten? Rak tikel limane?”
Wuihh… Tarjo ngetokne ilmu marketinge, sajake.
“Nggih genah ta? Anyar!” Bu Slamet emoh kalah.
“Pun, ngaten, njenengan dhuwiti sewidak-pun. Yen mboten percaya njenengan kula terne ten sing kagungan sepedhah-pun,” iya ta, jurus marketinge jan ya meyakinkan?!
“Ra-sah, kula percaya sampeyan,” Bu Slamet ngalah, pancen barange isih apik,”Ning Indra rak durung weruh ta Mas, umpama bocahe ra gelem njur piye?” bacute.
Indra isih sekolah, nalika dipundhutke sepedhah ibune.
“Pun, dhuwit mbalik,” jaminane Tarjo.
“Estu, nggih?” Bu Slamet negesne.
“Nggih! Kados kalih sinten mawon ta Bu-Bu?” wangsulane Tarjo manteb.
Bubar didhuwiti sewidak karo Bu Slamet, enggal-enggal Tarjo nyuwun pamit, ”Pun Bu, mugi-mugi cocog. Kula tak neruske lampah.”
Rejeki tenan…, sekesuk wis oleh bathi sepuluh ewu repis. Sing nem ewu diwehke bojone nggo nempur. Sing patang ewu repis kena nggo ngopi neng warunge Kang Setu. Ya warung kopi langganane Tarjo kuwi.
Rampung ngopi terus ngetan, ngampirkake dhuwit sepedhah neng daleme Bu Yuli.
“Mboten nganti setengah ari ta?” kandhane Tarjo nalika nyaoske dhuwit sepedhah. Bu Yuli, mesam-mesem rampung nampa bayaran.
“Wong ngene ki playune ya neng jajane bocah-bocah kuwi ta?”
“Anu Bu, mangke yen ngersakne kula namung gadhah kepala tiga,” kandhane Tarjo nyang Bu Yuli, kaya iya-iyaa wae. Pancen, adate Bu Yuli ki seneng udhu togel.
“Yen ngono, telu-telu?! Ekorku telu kok??” kaya tumbu oleh tutup, yen wis ngomongke nomer, rasane kaya malih tanggal enom maneh. Semangat maneh! Embuh dhuwit panas ra preduli.
“Njenengan tembak sakkathah-kathahe Bu,” Tarjo malah mbombong.
“Ya ra ketang sepuluh ewu, ya takudhoni,” wangsulane Bu Yuli entheng wae..
“Kula mangke tak melu udhu sithik-sithik. Pun Bu, tak mubeng riyen,” pamite Tarjo mungkasi obrolan awan kuwi.
Dina kuwi, idere ngesol sepatu Tarjo dadi rada santai. Ora pati ngaya. Mula mulihe iya rada awan. Ora kaya biasane. Mulih biasane wis trontong-trontong ngadhepke Magrib. Bakda Ashar Tarjo wis mulih. Lagi wae njagang sepedhah, bojone kandha yen Bu Slamet mau mari saka kene. Ngendikane Bu Slamet, sepedhahe, Indra ra gelem. Jalukane sing anyar. Mula age-age Tarjo neng daleme Bu Slamet.
“Dospundi Bu?” pitakone Tarjo sakwise pethuk Bu Slamet.
“Indra mboten purun,” wangsulane Bu Slamet miterang.
Mati, aku! Tarjo judheg. Piye carane amrih Si Indra ki kena diakali. Sebab miturut prajanjen yen nganti Indra ra gelem, Tarjo kudu mbalekne dhuwit sewidak ewu repis. Dhuwit endi maneh iki ngko? pikire Tarjo. Mangka dhuwite wis entek.
Kanthi meres uteg, Tarjo nemokke akal,”Ngaten Bu, niki kula umbahe sing resik riyen, Bu,” akale Si Tarjo.
Bu Slamet manut wae. Sauntara, sepedhah dicandhak digawa mulih Si Tarjo.
Teka ngomah, sepedhah diguyang, dishampo, sauntara wektu njur dilap nganggo kanebo. Senajan kanebo silihan. Pelege dibraso. Bayangane digosok nganggo kit. Banne disemir. Rumangsa sepedhah wis katon kinclong maneh, Tarjo bali neng daleme Bu Slamet, mumpung isih padhang. Lega atine Bu Slamet. Muga-muga Si Indra ra rewel. Tarjo sing ketar-ketir. Ngko Gek?! Tenan… apa sing dumadi?
“Pokoke emoh buk, yen ora anyar! Isin karo kanca-kanca, aku!”
“Le, iki ya anyar. Wong sik apik ngene…,” pangerih-erihe ibune.
“Emoh, iki tipak weke mbak Ninis kae…” Indra tetep ra gelem.
“Ora papa, ning rak sik anyar?” ibune panggah ngerih-erih
“Emoh. Anyar ka Toko,” wangsulane.
“Piye Mas?” pitakone Bu Slamet nyang Tarjo.
Tarjo, bingung meruhi kahanan iki. Ibune ya wis ngrayu si Indra. Nanging tetep ra gelem.
“Nggih, dibalekne mawon Bu,” wangsulane Tarjo sareh.
“Nggo, sampeyan beta,”
“Nggih Bu. Yatrane mangke, nggih.”
Klithih-klithih, Tarjo pamitan bali mulih, karo nuntun sepedhah kuwi.
Bubar Magrib, Tarjo neng daleme Bu Yuli. Sing diparani lagi wae tindak. Tarjo ngenteni sawetara wektu. Karo nggembol pangarep-arep, muga-muga dhuwite durung diblanjakake, Tarjo rokokan klepas-klepus neng emperane Bu Yuli. Ora let suwe, njur ana suwara montor teko. Kebeneran, Bu Yuli kondur karo sing kakung. Bu Yuli ya rada kaget. Kena apa sepedhahe cilik kuwi wis ana emper maneh? Durung nganti mesin dipateni Tarjo wis mapagake rawuhe Bu Yuli lan Pak Jono.
“King pundi Pak,” pitakone Tarjo.
“Alah… iki lo Mas, mentas ngeterne blanja,” wangsulane Pak Jono garwane Bu Yuli, “Mangga-mangga pinarak mlebet,” pambagyaharjane Pak Jono.
“Sampun dangu Mas?” pitakone Bu Yuli sinambi mbukakne lawang.
“Sawetawis” wangsulane Tarjo karo lungguh kursi.
“Piye-piye, ana apa?” pitakone Bu Yuli api-api ora ngerti.
“Anu Bu, ngapunten sepedhahe wau, larene mboten purun. Suwunane sing enggal. Lha menika sepedhahe…, ngapunten, umpami…,”
Bu Yuli wis krasa, “Dibalekke??? Lha piye ta Mas, genah mentas takgawe blanja je dhuwite? Sing sepuluh ewu ya wis digawe tombok nomer 33, metune 58. Ya, moncrot!!!”
“Wahhh…nggih empun yen ngaten… anggit kula mbokmenawa taksih enten yatrane…” Tarjo katon yen lagi judheg.
“Umpama mbledhos ngono ya ra masalah…” clulukke Pak Jono sing uga seneng main ki.
“Nggih sampun yen ngaten, kula tak nyuwun pamit,” pamite Tarjo sengkleh.
“Nggih sepurane lho Mas…” bola-bali Bu Yuli lan Pak Jono njaluk sepura.
“Nggih, mboten napa-napa. Pareng Pak, Bu.”
Tarjo bali mulih karo nuntun sepedhah cilik kuwi. Satekane ngomah, sepedhah diuncalke neng pawon. ***C U T H E L(Nate kapacak Ing Majalah JB)

0 Komentar:

Posting Komentar

Berlangganan Posting Komentar [Atom]



<< Beranda