DUREN CANGKOKAN
Dulur-dulur, tanggal 9 April 2009 wancine pilihan umum kanggo milih para wakil rakyat utawa legislatif. Ayo padha nyengkuyung programe pamarintah iki. Jer kang mangkono kuwi pamarintah nuhoni amanahe rakyat cundhuk karo sila ka-4 Kerakyatan yang dipimpin oleh hikmat kebijaksanaan dalam permusyawaratan/perwakilan. Hananging, rehne milih kuwi sawijing hak mula upama ora milih ya ora papa. Cethane, oleh golput ning aja ajak-ajak kanca! Apamaneh kampanye golput! Kang mangkono kuwi kalebu tumindak kang ora becik. Awit yen programe pamarintah kuwi ora sukses njur diadhani pemilu maneh ateges bakal ngguwak-ngguwak dhuwite rakyat. Awit kanggo mbandhani kuwi kabeh dikayangapaa tetep nganggo dhuwite rakyat. Hara, kita kabeh rak bakal nanggung akibate ta? Oleh beda pilihan waton aja padha regejegan! Wis ya..., kepriye panemumu?
0 Komentar:
Posting Komentar
Berlangganan Posting Komentar [Atom]
<< Beranda