KEMBANG LAMBE


RITA SUCI DIANASARI :
LELUMBAN ING KETHOPRAK
KANGGO SANGU PANGURIPAN
ING taun 2001 kepungkur dheweke tanpa angkan-angkan kepengin bisa main kethoprak. Senajan sakawit dudu kuwi gegayuhane. Mula kenya kang isih nembe metu SMA taun 1999 kuwi banjur lunga tumuju gedhung THR Surabaya. Ing THR kepethuk Pak Rahman Syam minangka pimpinane Siswo Budoyo. Dening Pak Rahman, kenya asli RT. 2 RW. 2 Dhukuh Karangtengah Pulosari Ngunut Tulungagung iki banjur kapasrahake Mbak Ariyamti dimen digulawenthah.
Ing astane Mbak Ariyamti, ora suwe dheweke wis bisa dadi pemain roll. Ora aneh yen Rita enggal bisa dadi pemain roll. Jalaran wiwit TK dheweke wis bisa nari lan asring tampil ing pangung-panggung utawa ing pahargyan-pahargyan liyane. Kejaba kuwi pepenginane bisa dadi pemain kethoprak kang temenan, kang njalari dheweke cepet bisa dadi pemain kang mumpuni.
Bab paras, ora nguciwani. Dheweke kaparingan kanugrahan saka Gusti aparas ayu kang nengsemake. Nanging Rita ngrumangsani dudu bab ayune kuwi kang njalari dheweke bisa dadi pemain kethoprak. Ning dheweke pancen temen-temen nggatekake piwulange ibu angkate(Mbak Ariyamti) kanthi tenanan. Lha nyatane akeh wae wong ayu, ning ora bisa main kethoprak, hara? Mula ayu kuwi pancen pawitan, ning kudu tansah tetep ngulir budi-ngupaya kanthi temen kanggo nggayuh kabisan. Kuwi kang dadi kunci sukses pawongan.
Wis dudu wadi maneh ing donyane kesenian tobong, lamun ana pemain sri panggung anyaran kang dadi roll mesthi nuwuhake serik lan merine liyan. Utamane pawongan kang nduweni ambisi. Dheweke mesthi rumangsa oleh saingan kang sawanci-wanci bisa ngendhih kalungguhane. Mula ora arang banjur ana pemain kang rumangsa kaancam mau banjur ngrekadaya kanggo ngejlogne sri panggung anyaran kuwi. Bab kuwi wis disadhari Rita.
“Nate lho Mas, pas shooting Bawang Merah Bawang Putih kanggo JTV, kula dhapuk Bawang Merah dipulasara tenan karo lawan mainku? Mesthine kang diajar lan disiya-siya rak bawang Putih? Ning, ora! Aku sing diajar tenanan! Ya ditendhang, dikaplok, digebugi nganggo kayu. Langsung karo sutradarane dicut!”
Saka kedadeyan kuwi dheweke nuli bisa metani apa kaluputane. Ning meksa ora ketemu. Panggraitane,”Ah...., paling aku lagi dimelikake liyan,” ngono pamawase.
Kamangka dheweke wis diaku anak karo Mbak Ariyamti. Tegese dheweke isih ana ing pangayomane Mbak Ariyamti. Jejere pemain senior Mbak Aryamti isih disungkani para pemain liyane. Coba, yen ora? Embuh, wae apa kang dumadi? Wong ngono wae isih ana sing wani njalari, jare?!
Kuwi mung salah siji conto wae. Liyane? Byuh, isih akeh! Ngadhepi kahanan ngono mau, diadhepi Rita kanthi lembah manah lan andhap asor. Kabeh mau mesthi ana hikmahe. Toh, dheweke ora duwe ambisi njongkeng kalungguhane para seniore ing Siswo Budoyo.
Mula ambyur ing donyaning seni mligine kethoprak mau kanggone Rita minangka pandadaran kang hikmahe bisa dicakake utawa kena kanggo sangu urip sabendinane ing madyaning bebrayan.
Keneng apa ngambyuri donyaning kethoprak ing wanci kethoprak kelangan jaman kencana rukmine? Ora dadi ngapa, jer main kethoprak kuwi kanggone Rita minangka panggilan seni utawa kanggo nyalurake hobby. Cethane, main kethoprak ora kok kanggo tujuan golek pangupa-jiwa. Gegayuhane kang satemene yakuwi kepengin adeg salon rias kang profesional. Lan dinane iki uga wis wis diayahi nadyan durung gedhe.
Saiki Rita wis patutan anak siji umur 16 sasi. Menawa isih ana sing nge-job main kethoprak sauger anake kena disambi dheweke ora kabotan. (Wis nate kadadekake sampul majalah PS)***