OYOS TULUNGAGUNG BLOG

Rabu, 26 Agustus 2009

Manja 3

AKU ISIH TRESNA...



Dening : Oyos



“Dick! Dicky!!!” bengokku nalika meruhi klebate Dicky ing regol ngarep. Dak tututi wis ra nyandhak. Montor dibandhangne sakpole! Dheweke kagelan! Cuwaaa... banget! Katon banget saka polatane. Pancen, kebeneran nalika kuwi malem Minggu aku lagi ngobrol karo misananku, Andrew saka Jakarta. Andrew akhire malih nakoni aku.

“Sapa sih?”

“Temen sekolah!” wangsulanku dadi mleruk.

“Emangnya kenapa dengan Dia?” pandhedhese.

“Jelous, kali!” Awit aku wis weruh banget watake Dicky kang cemburuan ngono kuwi. Dicky ki perfect banget! Nganti aku dianggep kaya lukisan. Ibarat lukisan ing pameran lukisan ngono boleh dilihat, tapi jangan dipegang! Cethane, ora oleh cowok liya caket aku. Apamaneh ndemek?! Upama ora sabar ati iki, wis bubaran kawit biyen

“Udah, tilpun aja. Nich pake HP-ku, ntar jelasin, siapa aku?”

Hp-ne dilungne aku. Eman, panggilanku tetep ora diangkat-angkat. Mangka HP-ne ya aktif. Ya ngono kuwi watake! Nomer yen ora kenal, emoh ngangkat! Bener, aku ngakoni, yen cowok perfect ngono kuwi gandhengane setya. Dheweke kuwi setya banget! Mangro tingal utawa selingkuh ki ora mung najis mugholadoh kanggone, ning haram! Kuwi wis tak buktekake bola-bali. Aku wis nyoba kongkonan Kristin-kancaku raket nggodha dheweke. Pranyata dheweke ora keguh babar pisan. Mangka Kristin kang tak nggo alat ya ayu tenan. Undha-udhilah, ayune yen karo aku?! Ora Ge-er lho?! Ning kanyatan! Nanging dheweke tetep anyep wae. Jane jroning ati ya ketir-ketir tenan yen nganti Dicky kecanthol nyang Kristin. Ning nyatane kok blas! Kristin ngaku, tobat tenan mungsuh Dicky!

Ahh... dhasar cowok - bintange Taurus! Kandhane Thukul, Taurus ki Satu Yang Diurus?! Yen ngono tenan, jane aku kalebu cewek kang begja tenan. Awit Dicky wis gak bakal pindhah ing cewek liya. Sing diurus mung aku thok! Apa maneh dikuwatirake bakal selingkuh! Gak mungkin!!! Iya, ora?! Ning, piye yen tegese Taurus kuwi Takkan Diurus?! Yen ngono maksude, cape’ dech?!



WIS SEMINGGU iki Dicky ora mlebu sekolah. Ora ana alasan kang gumathok. HP-ne wis ora kena dihubungi maneh. Karepku arep tak jarke wae. Coba, betah-betahan! Eee... njekethek, jebul aku sing ora betah. Wis masa bodhoa aku diarani cewek murahan. Ganjen, lsp. Malem Minggu candhake aku kang genti apel nyang omahe.

“Assalamu’alaikum...” uluk salamku. Sajake kok sepi ta...

“Assalamu’alaikum...,” tak ambali maneh.

“Wa’alaikum salam.... O, Nita. Mlebu Nit,” Ibune Dicky mangsuli karo mbukak lawang.

Aku ngetut Bu Wati mlebu. Nuli lungguh ing kursi ruang tamu.

“Kok njanur gunung? Piye kabare?” sambunge.

“Alhamdulillah, pangestu panjenengan Bu?”

“Lho, Nita prakerin neng endi kok bisa bali ki mau...?” pandangune.

Dheg! Aku kaget. Mangka prakerin(praktek kerja industri), isih sasi Maret ngarep. Panggraitaku Dicky minggat kanthi alesan prakerin.

“Dereng wancine lho, Bu?” wangsulanku bares wae.

“Lho, apa ra padha? Cah otomotif apa luwih dhisik?” miterange Bu Wati.

Lho, rak tenan? Dicky mesthi kanthi sengaja ngendhani aku?! Dheweke mesthi minggat kanthi alesan prakerin.

“Nggih sareng lho, Bu?”

“Banjur, Dicky kok wis seminggu iki jarene prakerin neng pabrik gula Ngadirejo?!”

“Milane, sowan kula wau badhe nyuwun pirsa. Pun seminggu menika Dicky kok mboten mlebet. Lajeng HP-nipun kula hubungi kok nggih mboten saged? Kula wastani yen sakit”

“O, ngono ta? Hiya, Hp-ne kok ora aktif. Aku wingi nyoba ngebel ya ra kena! Bocah kurang ajar! Wong tuwa diapusi!” Bu Wati malih duka.

Dhuh Gusti...., aku njur melu luput. Aku ewuh! Aku kaya kul diduleg! Awit sing njalari minggat ki mesthi karana kedadeyan malem Minggu kepungkur! Adate Dicky ki kalebu bocah anteng. Miturut nyang wong tuwane kang kari ibune kuwi....

“Banjur, Nita ra ngerti ya neng ngendi lungane Dicky?”

“Wadhuh, ngapunten lho Bu. Nggih niku wau, kula wastani yen sakit larene.” Wangsulanku karo melu goreh mikirake Dicky. Bocah kok nekat lho! Murih atiku tenang, aku enggal pamitan. Tinimbang aku mengko dadi pitakonan kang ora-ora. Ning aku janji jroning ati, aku uga arep nggoleki Dicky. Awit kabeh dha ngerti, yen sasuwene iki aku ki kanca rakete Dicky. Kepara aku ora nampik yen aku diarani pacare.

“Iya-iya! Iya Nit, coba engko tak ngebel paklike, sapa ngerti deweke neng kana?” kandhane katon yen gupuh, nanging ditenang-tenangake.

“Inggih Bu, mugi-mugi dhateng ngrika. Pareng Bu, assalamu’alaikum...,”pamitku kanthi ngaras astane.

“Iya, sing ati-ati Nit.” Welinge kanthi pasuryan kang ngemu surasa kebak pengarep-arep nyang putrane lanang siji-sijine enggal bali.



TEKAN OMAH awakku tak blegake ing kasur! Bleg!!! Angen-angenku isih tumlawung kandhane Kristin dina Senen kepungkur. Kristin kang dadi kanca curhatku sasuwene iki meruhi Dicky katon cuwa ing dina Setu awan. Kedadeyane nalika aku pas mulih sekolah dipapag cowok bagus nganggo mobil Honda Jazz kang ora liya Andrew. Kepara akeh kanca-kanca kang sinis semu ngece nyang Dicky pas kuwi. Bab iki aku jujur, aku ya mangerteni. Terus terang aku jane arep kandha nyang Dicky, ning wis ora sempat! Aku ya pengin ngenalake Andrew nyang Dicky, ning pas selak kesusu ana kaperluan keluarga. Arep SMS Dicky pulsaku pas entek.

Menawa Dicky isih bisa ngempet nalika dina Setu awan kuwi. Banjur ing wengine pengin nutuh nyang aku. Sakora-orane pengin penjelasanku. Lha kebeneran kok aku lagi ngobrol ing teras karo Andrew maneh! Apes tenan awakku iki. Wiwit kuwi aku kelangan Dicky.

Dicky, yen sampeyan maca Manja-ku iki tulung muliha ya Dick. Dicky, aku kelangan gedhen yen sampeyan ora bali. Aku uga kedosan marang ibumu Dick, awit aku wis melu gawe susahe ibumu. Ora krasa mripatku wis kembeng-kembeng eluh... Eluh-eluh katresnan kang tumetes saka tuking mripatku. Blaka wae Dick, aku isih tresna ... ***

Salam kanggo mahasiswa Unesa kang nate PKL ing Radio Pandowo FM Ngunut Tulungagung

(Wis kapacak ing PS lhooo)

Rabu, 15 April 2009

KAWRUH AGAMA

URIP KUWI OBAH


WUS cetha wela-wela, yen manungsa kang obah kuwi diarani urip. Dene wong kang urip kudu gelem obah. Lamun urip hananging ora gelem obah, mula sinebut lumuh. Dene yen ora urip lan ora mati diarani koma, semaput! Kang wis mangkene iki ora kena dipurih baune. Lan mung dadi sanggane liyan. Ing kahanan kang mangkene iki Gusti tetep paring hikmah kanggo sing waras, lamun sing waras mau gelem methik hikmahe.
Tuladha ing tetembangan Sluku-Sluku Bathok alaras jamong kang cakepane mangkene :
Mak jenthit lho-lho bah,
wong mati ora obah,
yen obah ngedeni bocah,
yen urip goleka dhuwit….
Cakepan kasebut mengku teges, menungsa urip kudu obah. Obah ora mung saderma obah. Sabisa obaha kang ngasilake dhuwit. Tegese obah kang prodhuktif! Satemene kang bener kuwi ora kudu obah kang ngasilake dhuwit wae. Keladhuke tumindak bisa dadi wong kang tansah asipat komersiil. Sipate wong paham kapitalisme! Sipat kang tansah ngagul-agulake bathi-rugi. Wusana babagan kang nggepok senggol karo kabutuhan rohani dilirwakake. Nanging bisoa ngasilake samubarang kang bisa migunani marang sapepadha. Bisa kang asipat materi. Bisa uga kang asipat amal kabecikan. Sumrambahe marang sekabehing alam utawa rahmatan lil ‘alamin.
Life is action. Hidup adalah perbuatan. Urip kuwi obah. Urip kuwi tumindak. Kandhane Sutrisno Baachir ing iklan politike. Ora kliru! Ning aja mung obah-obahan kang tanpa guna, tanpa tanja, lan tanpa wewaler. Awit akeh wae mengungsa kang obahe mung nuruti hawa nepsune. Saengga kang ginayuh ora kok katentreman batin, nanging malah pasiksa batin. Durung yen tumindake mau malah mitunani liyan, gedhene nganti mitunani ing madyaning bebrayan. Kang mangkene iki ora dibenerake mungguhing agama.
Miturut panalitene para ahli, ing alam sawegung kang gedhe lan ambane tan kena kinira iki, diyakini kabeh makhluk kuwi obah! Ing alam gedhe(makrocosmos), samubarang kang bisa dideleng kanthi mripat sawantah nganti kang gedhene ora mekakat tuladhane rembulan, lintang, galaksi, supercluster sapendhuwur pranyata kabeh kuwi obah. Obah kang mawa aturan. Obahe mubeng utawa munyer. Mubeng ing awake dhewe(rotasi) lan mubeng kang ngubengi samubarang kang luwih gedhe(revolusi). Umpamane bumi wis munyer ing punjere. Uga isih munyer ngubengi srengenge bebarengan karo rembulan kang kejaba munyer ing punjere dhewe uga munyer ngubengi bumi, lst.
Wondene ing alam cilik(mikrocosmos) alam kang mung bisa dideleng nganggo piranti kaya dene mikroskop, semono uga. Samubarang kang cilik kejaba munyer ing badane dhewe(rotasi/spin), uga tansah ngubengi samubarang kang luwih gedhe(revolusi). Umpamane atom. Sajroning atom ana proton lan elektron. Kejaba proton mubeng ing punjere dhewe, dheweke uga diubengi elektron. Mangka elektron uga wis munyer ing punjere dhewe. Sabanjure atom-atom kasebut gegandhengan mubeng dadi molekul lst.
Dhawuhe Gusti ing QS. Al Israa’ ayat 44 :
Langit yang tujuh, bumi dan semua yang ada di dalamnya bertasbih kepada Allah. Dan tak ada satupun melainkan bertasbih dengan memujiNya, tetapi kamu sekalian tidak mengerti tasbih mereka. Sesungguhnya Dia adalah Maha Penyantun dan Maha Pengampun
Cetha ing ayat kasebut samubarang ing alam makrocosmos lan mikrocosmos kabeh tansah tasbih ngagungake asmaNe Gusti Allah SWT. Lha apa kanthi obahe samubarang kasebut minangka tasbihe makhluk kasebut marang Gusti Allah? Akeh panemu kang mastani mangkono.
Jejere menungsa kang diparingi kaluwihan akal, kudune kita ora oleh kalah karo kewan. Kita kudu gelem obah kang migunani tumrap sapepadha lan tumrap sakabehing alam utawa rahmatan lil alamin. Mongsok kita arep kalah karo manuk kang saben esuk wis ucul saka susuhe lan golek pangan kanggo nyambung uripe? Kamangka papan kang dituju manuk mengko isih durung kinawruhan, papan ngendi kang ana pangane? Nanging si manuk tetep yakin(optimis) bakal oleh asil kang wis dicumawisake Gustine.
Semono uga tumrape pengusaha(bisnisman). Lamun dheweke ora gelem obah, dheweke bakal kepancal sepur ngadhepi owah-owahan kahanan. Tundhone bisnise ora bisa maju, kang wusana dadi lan bangkrute. Apa maneh saiki jamane jemput bola. Yen kita mung thenguk-thenguk, tangeh lamun bakal nemu gethuk!
Lan maneh umpama kita mung aras-arasen, ora gelem obah, ora temandang gawe, ora olah-raga, mung mangan turu, nonton TV ing ndalem wektu seminggu otot-otot iki bakal suda kekuwatane. Satemah kita dadi ora sehat. Tundhone malah ngundang penyakit wae. Wus akeh panaliten ing negara-negara maju, rata-rata bocah-bocahe nandhang obesitas krana kurang obah?! Kurang gerak?! Saben dina mung nonton TV, play station lan dolanan komputer?
Mula ayo kita kabeh padha obah kang bener, migunani lan ora nerak wewalere agama. Gusti wis paring tuladha marang kita, tangi turu jedhul kita wus diutus obah yakuwi sholat subuh. Manungsa isih esuk wis kautus tasbih. Ngagungake mring gustine. Kang ora liya manpangate kabeh kanggo kita. Ora kanggo Gusti Allah. Aja nganti kerinan! Apa maneh nganti kalah dhisik karo njedhule sang bagaskara. Sabanjure terus makarya jumbuh karo profesine dhewe-dhewe. Nuwun.***(Oyos) Wis nate kapacak ing JB edisi Minggu ke 3 April 2009.

Rabu, 11 Maret 2009

KEMBANG LAMBE



RITA SUCI DIANASARI :

LELUMBAN ING KETHOPRAK
KANGGO SANGU PANGURIPAN


ING taun 2001 kepungkur dheweke tanpa angkan-angkan kepengin bisa main kethoprak. Senajan sakawit dudu kuwi gegayuhane. Mula kenya kang isih nembe metu SMA taun 1999 kuwi banjur lunga tumuju gedhung THR Surabaya. Ing THR kepethuk Pak Rahman Syam minangka pimpinane Siswo Budoyo. Dening Pak Rahman, kenya asli RT. 2 RW. 2 Dhukuh Karangtengah Pulosari Ngunut Tulungagung iki banjur kapasrahake Mbak Ariyamti dimen digulawenthah.
Ing astane Mbak Ariyamti, ora suwe dheweke wis bisa dadi pemain roll. Ora aneh yen Rita enggal bisa dadi pemain roll. Jalaran wiwit TK dheweke wis bisa nari lan asring tampil ing pangung-panggung utawa ing pahargyan-pahargyan liyane. Kejaba kuwi pepenginane bisa dadi pemain kethoprak kang temenan, kang njalari dheweke cepet bisa dadi pemain kang mumpuni.
Bab paras, ora nguciwani. Dheweke kaparingan kanugrahan saka Gusti aparas ayu kang nengsemake. Nanging Rita ngrumangsani dudu bab ayune kuwi kang njalari dheweke bisa dadi pemain kethoprak. Ning dheweke pancen temen-temen nggatekake piwulange ibu angkate(Mbak Ariyamti) kanthi tenanan. Lha nyatane akeh wae wong ayu, ning ora bisa main kethoprak, hara? Mula ayu kuwi pancen pawitan, ning kudu tansah tetep ngulir budi-ngupaya kanthi temen kanggo nggayuh kabisan. Kuwi kang dadi kunci sukses pawongan.
Wis dudu wadi maneh ing donyane kesenian tobong, lamun ana pemain sri panggung anyaran kang dadi roll mesthi nuwuhake serik lan merine liyan. Utamane pawongan kang nduweni ambisi. Dheweke mesthi rumangsa oleh saingan kang sawanci-wanci bisa ngendhih kalungguhane. Mula ora arang banjur ana pemain kang rumangsa kaancam mau banjur ngrekadaya kanggo ngejlogne sri panggung anyaran kuwi. Bab kuwi wis disadhari Rita.
“Nate lho Mas, pas shooting Bawang Merah Bawang Putih kanggo JTV, kula dhapuk Bawang Merah dipulasara tenan karo lawan mainku? Mesthine kang diajar lan disiya-siya rak bawang Putih? Ning, ora! Aku sing diajar tenanan! Ya ditendhang, dikaplok, digebugi nganggo kayu. Langsung karo sutradarane dicut!”
Saka kedadeyan kuwi dheweke nuli bisa metani apa kaluputane. Ning meksa ora ketemu. Panggraitane,”Ah...., paling aku lagi dimelikake liyan,” ngono pamawase.
Kamangka dheweke wis diaku anak karo Mbak Ariyamti. Tegese dheweke isih ana ing pangayomane Mbak Ariyamti. Jejere pemain senior Mbak Aryamti isih disungkani para pemain liyane. Coba, yen ora? Embuh, wae apa kang dumadi? Wong ngono wae isih ana sing wani njalari, jare?!
Kuwi mung salah siji conto wae. Liyane? Byuh, isih akeh! Ngadhepi kahanan ngono mau, diadhepi Rita kanthi lembah manah lan andhap asor. Kabeh mau mesthi ana hikmahe. Toh, dheweke ora duwe ambisi njongkeng kalungguhane para seniore ing Siswo Budoyo.
Mula ambyur ing donyaning seni mligine kethoprak mau kanggone Rita minangka pandadaran kang hikmahe bisa dicakake utawa kena kanggo sangu urip sabendinane ing madyaning bebrayan.
Keneng apa ngambyuri donyaning kethoprak ing wanci kethoprak kelangan jaman kencana rukmine? Ora dadi ngapa, jer main kethoprak kuwi kanggone Rita minangka panggilan seni utawa kanggo nyalurake hobby. Cethane, main kethoprak ora kok kanggo tujuan golek pangupa-jiwa. Gegayuhane kang satemene yakuwi kepengin adeg salon rias kang profesional. Lan dinane iki uga wis wis diayahi nadyan durung gedhe.
Saiki Rita wis patutan anak siji umur 16 sasi. Menawa isih ana sing nge-job main kethoprak sauger anake kena disambi dheweke ora kabotan. (Wis nate kadadekake sampul majalah PS)***

Selasa, 10 Maret 2009

ANA ANA BAE

LARA WETENG SING DISAMBATKE
KOK SIKIL?

KEDADEYAN iki dakalami dhewe, kurangluwih wis telulas tahun kepungkur. Nalika semana aku isih mancal becak. Kaya adat saben, bakda Isya’ aku metu saperlu janggol becak. Isih durung adoh saka ngomah, ngepasi liwat pos kamling kang peteng merga ora ana lampune, aku di-ndheg pawongan.
“Cak. Becak!” cluluke pawongan saka Pos Kamling.
Dakwaspadakake arahing suara, jebul ana pawongan sambat-sambat kelaran.
“Njenengan sakit napa?” pitakonku.
“Perut. Antar aku ke DKT (Dinas Kesehatan Tentara),” wangsulane. Daksetitekake priyantun kuwi, sajak ora pangling suara kuwi. Wo iya, piyambake kepala DKT sing asli saka Tasik. Jalaran aku bola-bali ngeterne penumpang kang mertamba mrono. Senajan ora tepung akrab, ning aku wis apal. Senajan kahanan peteng, aku wis yakin yen priyantun iki kepala DKT. Jalaran aku ra weruh asmane mula dak ringkes kanthi asma Pak X ngono wae. Kanthi nggruguh-nggruguh kelaran senajan ra banter, Pak X ngendika, jare mari dhahar bakso pedhes banget. Mangka piyambake ngerti yen kagungan mag. Sing mesthine, pirsa sirikane dhaharan pedhes lan kecut. Lha, ha-wong mantri kesehatan je? Nanging wektu kuwi pancen pengin banget dhahar pedhes kaya nalika isih timur biyen nalika isih durung nandhang gerah Mag.
“Ya, ya…Pak,” wangsulanku. Sakwise sepedha jengkine dakunggahake becak, nuli taktaleni ukur ukur. Njur Pak X, munggah kanthi nyepengi madharane. Becak wiwit dakpancal alon-alon. Karo isih ngempet lara, Pak X, meling, “Ntar kalo ditanya ibu, bilang tabrak lari ya...”
“Ya Pak. Lho, tadi itu sebenarnya dari mana?” pitakonku
“Cari tukang plitur ndak ketemu, trus mampir andhok bakso,” jlentrehe.
Aku ra takon, ngapa kudu nganggo alasan tabrak lari barang. Kok gak blaka wae. Menawa wae Pak X isin, jejere mantri kesehatan sing mesthine ngerti sirikane penyakit ning kok malah diterak wae. Apa merga wedi yen nganti diunen-uneni garwane utawa putrane neng dalem mengkone? Jane aku dhewe ya bingung, aja-aja mengko didhedhes pitakonan karo keluargane Pak X.
Ditabrak montor kok gak tatu blas? Trus ngapa sing nabrak kok gak diuber, saperlu dijaluki tanggung jawab? Ahhh... piye ya.... O iya, tatu tabrakan rak ora mesthi gudras getih ta? Bisa uga mung getem utawa tatu njero. Lha, ngapa sing nabrak gak diuber? Jalaran panggonane sepi! Dadi ora ana saksi kang nglari sing nabrak.
Lumayan..., aku wis siap menawa mengko ana pitakonan kang mengkono.

Ora antara suwe becak wis mlebu pekarangan DKT. Sepedha dakudhunake dhisik. Ing emperan DKT, kelurgane Pak X padha jejagongan. Nalika kuwi ora ana pasien kang mertamba mrono. Sing ra daknyana babar blas ki aktinge Pak X. Lha kok Pak njaluk dak lawani. Njur sikile sing siji digantung. Ethok-ethok sikile kelaran mentas ditabrak montor. Byuk! Kabeh padha ngertakne lan padha arep tetulung marang Pak X. Malah mantri piket, uga metu saperlu aweh pitulungan. Nha...pitakon sing kawetu pranyata ora pati adoh karo sing dakangen-angen sakdurunge, neng endi tabrakane lan piye kedadeyane? Dakkandhakake neng panggonan kang sepi lan sing nabrak wis mlayu.Tinimbang aku katut diinterogasi, bubar diparingi ongkos aku bablas janggol. Terus piye sandiwarane Pak X neng dalem dinas sabanjure? Aku ra weruh.

Sing marahi batinku ngguyu kekel ki, lha kok isa-isane ethok-ethok sikile dhingklang. Ben dikira tabrak lari tenanan? Wah, Pak X pancen aktor gamben tenan jebule! Ah…, ana-ana bae? Lara weteng, sing diluhake kok sukune???*** (Nate kapacak ing majalah Jaya Baya)

Rabu, 25 Februari 2009

ALAMING LELEMBUT

KESIKU PUNDHEN NGUJANG?
Dening : Oyos

“LE, sajene iki ndang kirimen neng nggone Mbah Jonilo, ben slamet ora ana alangan apa-apa,” prentahe Mbokdhe Kasih nyang Warijo ponakane awan kuwi. Karepe Mbokdhe Kasih ki, kanggo ngurmati adat kang kelaku ing dhaerah kono. Awit, isih akeh bebrayan pedunung kono, kang isih ngugemi adat kuwi. Akeh panemu kang kandha, sok sapa kang ewuh utawa nduweni kajat ing wewengkon Ngujang kono, samangsa ora kirim sajen nyang pundhen Ngujang utawa Mbah Jonilo, bakal kedrawasan.
“Gek ngene ki, blangkrah apa ta Dhe-Dhe,” wangsulane Warijo ngemu suarasa panyenges, tur ora tumandang. Para rewang sing padha krungu, ora ana kang nyethulani. Awit kabeh wis padha ngerti watak wantune Warijo. Mung wae Lik Kasiyo kang rada nyetitekake Warijo kanthi mencereng. Lik Kasiyo dina kuwi dheweke dhapuk tukang gawe wedang. Yen ing wewengkon kono tukang gawe wedang ki karan Pagembus!
Krungu wangsulane Warijo, Mbokdhe Kasih mlengak. Sajak ora mathuk karo wangsulan kuwi. Karepe Budhe kasih, senajan ora percaya marang gugon tuhon kang mengkono kuwi, ning mbok ora usah nyepelekake gedhene maido.
“Wis ta Le, gelem pa ra…?! Yen ra gelem tak budhal dhewe…” panantinge Mbokdhe Kasih.
Warijo isih owol. Ora gelem ki ewuh karo budhene lan ewuh karo sing padha rewang. Yen budhal ki, kok nyingkur kapitayane kang anyar… Kanthi ati kang isih nggrundel, Warijo wangsulan :
“Ya Dhe, kene tak kirime...,” wangsulane katon banget yen kepeksa.
Sakwise ngangkat sajen wadhah rege kuwi, Warijo budhal. Warijo klithih-klithih mlaku nuju panggonan Pundhen Ngujang kang mung limang atus meter saka omahe Budhene, kanthi pandulu kosong! Ngene iki kanggone Warijo nerak wewaler ngagama. Ateges menungsa kalah karo syetan, ngono sing ana ing atine Warijo. Mangka, kapitayane Warijo sing anyar kuwi cetha nglarang samubarang kang mambu kharam.
Ing satengahing dalan Warijo mandheg. Dheweke leren neng angkring. Warijo kang goreh antarane kharam lan ora kuwi kelangan kestabilan emosi. Warijo judheg! Mula sajen kuwi diuntal dhewe. Sakwise wareg lan marem. Rege lan sisa-sisa sajen kang kari sethithik kuwi dibal. Dhiyelll….! Rege mencelat ora karuan parane. Sisa sajen kang morat-marit diideg-ideg! Lega atiku, batine Warijo. Mandak Mbokdhe Kasih ra wearuh wae kok?!
Marem anggone nguntal sajen, Warijo bali nyang omahe Mbokdhe Kasih. Kaya adate wong rewang, Warijo uga nyandhak gaweyan apa wae kang dadi bot repote budhene. Utamane ngangkat lengser minangka juru ladi. Kuwi kedadeyane wingi mungkur manggulan.
Dina iki dina temune pinanganten. Wanci bedhug kang adate panas ngemplang-emplang, nanging dina iki srengenge rada mblerek. Kadya senthir kentekan lenga patra. Ora adate, mendhung awan - den mas gludhug aweh sasmita gebres-gebres. Mendhunge jane ora kandel! Nanging rata. Kuwi kang ndadekake mutawatiri kang hamengku gati.
Kanthi gebrese den mas gludhug kuwi, saiki langite mbrebes mili. Grimise mudhun! Mbokdhe Kasih ora jenjem. Mangka kabeh syarat kanggo nyisihake udan saka Mbah Truna wis diayahi. Jam siji awan tangise langit tansaya ndadi! Udane deres! Mbokdhe Kasih tansaya ora jenak. Kamangka tamu awan kuwi isih siji loro. Lha wingi bubar manggulan uga durung pati ana tamu. Gek, mengko bakda Maghrib ijaban, katerusake temu manten.
Yen ngene kahanane, apa pulih iki ngko pawitane, ngono kang ana jroning atine Mbokdhe Kasih. Ora diselaki! Ing desa, akeh wong ewuh ki mung kanggo bisnis. Mula yen nandure biyen wis akeh, pengarep-arepe ya kudu bali. Mbokdhe Kasih semono uga. Rumangsane anggone buwuh ya wis taneg! Mula dina iki karepe kajaluk bali. Yen bisa kapara ana turahan. Kena kanggo dandan –dandan emperan.
Wis jam 3 sore, sajak ora ana tandha-tandha udan bakal mendha. Iki tansaya gawe jibege Budhe kasih. Arep nutuh Mbah Truna ora wani. Kejaba kuwi Mbah Truna uga wis bali. Rene maneh isih ngko bengi, saperlu nemokake temanten.
Bakda Maghrib, udan wis mendha. Nanging isih panggah grimis. Mbokdhe Kasih nyicil ayem. Syukur para-para kang kondangan becekan kuwi padha angestreni resepsine anake. Rak kena kanggo pulihan?! Ngono, pikire Mbokdhe Kasih.
Ijab qobul anake ragil, aran Sri lumaku lancar. Kepara tumrape bocah nom-noman, malam pertama kok udan ki malah sinebut berkah. Ora perduli sing mbandhani pawiwahan pahargyan temanten agung kuwi rugi, umpamane.
Ngarepne temu temanten, udan kaya disokake maneh. Senajan wedak pupure Mbokdhe Kasih ki mau ya kandel, nanging ora kuwawa nutupi abang irenge polatane Mbokdhe Kasih. Mbah Truna kang tinanggenah nemokake pinanganten wis tanggap sasmita karo apa sing karepne Mbokdhe kasih. Apamaneh Mbah Truna rumangsa dipencerengi.
Yen wis ngene iki embuh mengkone? Mulih diamplopi Mbokdhe Kasih apa ora? Mbah Truna wis ra mikir sangu. Dheweke sing cetha, melu kewirangan. Reputasine minangka dhukun kondhang kaonang-onang bisa anjlog, yen ngene carane. Kamangka yen manut etungan naga dinane ya wis bener. Mula polatane Mbah Truna melu suntrut!
Adicara pawiwahan pahargyan temanten lumaku kanthi lancar. Mung emane, sepi tamu. Awit udane kaya ora ana mandhege. Kuwi kang njalari Mbokdhe Kasih kaya angel anggone mesem. Apamaneh rumangsane Mbokdhe Kasih kabeh pawongan kaya-kaya tansah nyawang dheweke. Mengkono kuwi sejatine kahanan kang lumrah. Ing ngendi wae pancen kang hamengku gati ki tansah dadi punjering panyawang. Ning kanggone Mbokdhe Kasih wengi kuwi rumangsane rada keladhuk. Rumangsane semune padha nyokurake lan ngisin-isin dheweke.
Wanci kirab kanarendran kairing ungeling gendhing Ibu Pertiwi, para juru ladi kang racake isih mudha tumaruna padha ngayahi wajib ngangkat baki, caos dhahar para tamu. Sauntara kuwi, Mbah Truna kang lenggah rada nyisih ing emperan lagi dheleg-dheleg sinambi udut rokok kanggo ngilangi judhege lan ampege dhadha! Ora let suwe, Lik Kaisyo kang mesthine dhapuk ing pawon minangka tukang gawe wedang nrunyuk marani Mbah Truna. Lik Kasiyo bisik-bisik nyang Mbah Truno kaya ana samubarang kang wigati. Cukup anggone bisik-bisik Lik Kasiyo bali neng mburi.
Mungkur Lik Kasiyo bisik-bisik, katon Polatane Mbah Truna ajer saknalika. Nuli anggone ngudut rokok disedhot sakanteme. Sheee…ttt! Dhel...., keluk ditokke sakakeh-akehe. Katon yen Mbah truno anggone udud dimatne tenan!
Saiki Mbah Truna wis nyicil ayem. Senajan ta ora wani mesem. Awit uga njaga perasaane kang hamengku gati. Ayeme, krana wis siap jawaban yen sakwayah-wayah Mbdokdhe Kasih nutuh. Lan Kasiyo ya wis sanggup yen ta didadekake seksi.
Udan jebul terang ndhrandhang mbarengi paripurnane pahargyan watara jam 10 bengi. Mbokdhe Kasih kaya ora kuwat-kuwata. Kabeh para rewang kaya nyalahake Mbah Truna. Nanging Mbah Truna wis ora maelu kahanan kuwi.
Pangirane Mbah Truna bener, nalika pamit mulih, Mbah Truna ora diamplopi. Kok diamplopi? Kepara Mbokdhe Kasih setengahe mlengos jare! Nanging, Mbah Truna arep kandha apa kang dumadi ing wengi kuwi durung bisa. Durung wancine. Kahanane durung pas.
Sepasar anggone Mbokdhe kasih mantu, ana kabar yen Warijo kecelakaan ing saelore pundhen Ngujang. Jare kabar kuwi, nalika kuwi saka rumangsane Warijo dheweke nyingkrihi barisan kenya dhampyak-dhampyak kang huayu-ayu! Lha, dheweke njur nyisih. Ndilalah ing kono ana blegongan kalen kang ora disadhari Warijo. Montore keblegong kalen, raine Warijo natap setir! Sesuke Warijo ora bisa ndeleng! Warijo wuta! Mangka yen nitik tatune ora ana!
Tanpa Mbah Truno njlentrehake apa kang dumadi, wis sumebar kabar kang nelakake yen Warijo kesiku pundhen Ngujang. Warta yen Warijo nguntal sajen jatahe Mbah Jonilo uga santer banget! Saenggo ora prelu Mbah Truno, njlentrehake nyang Mbokdhe Kasih. Sapa maneh yen ora Lik Kasiyo sing nyebarne isu kuwi. Awit nalika Mbokdhe Kasih utusan kirim sajen nyang Mbah Jonilo mungkur manggulan kae Lik Kasiyo ora sengaja nyipati. Lan nalika dielingne karo Lik Kasiyo, Warijo ora ngreken! Lik Kasiyo meneng wae. Lik Kasiyo mung niteni. Ndilalah...., lha kok ngono dumadine.
Pundhen Ngujang panggone 500 meter kulone kantor desa Ngujang kidul dalan. Dudu kuburan kulon dalan sakidule kreteg Ngujang kang akeh ketheke kae. Wujude amung cungkup ing satengahe tegalan tebu. Ora ana maesane. Pundhen kuwi dipercaya minangka panggonane dhanyangan Ngujang, karan Mbah Jonilo! Ing dina-dina tinamtu akeh pawongan kang nyadran ing pundhen kono.
Jare gotheking ngakeh, Warijo kesiku pundhen kono. Pancen bebrayan ing desa ngujang kono isih lumaku adat, menawa arep ewuh kudu kirim sajen ing pundhen Ngujang. Pundhene Mbah Jonilo!
Mungguhe Warijo apa kang disandhang saiki kuwi ora ana gandheng cenenge karo anggone dheweke mangan sajen biyen. Kanggone Warijo iki pacobaning sing kuwasa kang kudu ditampa kanthi ikhlas. Lan tetep mangudi warase kanthi cara medhis. Wallahu a’lam bi showab.*** CUTHEL(Wis nate kapacak ing majalah Panjebar Semangat)

Selasa, 24 Februari 2009

APA TUMON?

MANTRI KAD(H)AL

KEDADEYAN iki dumadi ing tahun 70-an. Tanggaku Pak Moedanoen, mantri kang bukak praktek ing dalem uga nampa panggilan, kapetung laris. Awit jaman semana tenaga medhis pancen ora akeh saingane. Kebeneran wektu kuwi neng dalem ijenan. Garwa lan putrane lagi tindak Surabaya.
Wanci sore, Pak Danoen lagi tindak merga antuk panggilan. Lha bocah-bocah dhemene dolanan ing daleme Pak Danoen, awit saweneh buah-buahan tinandur subur neng pekarangane. Ana pelem, jambu kluthuk, jambu kaget, jambu dersana, dhondhong, jeruk bali lly.
Kang Masku aran Margo, Bali lan kancane loro Eko, Suroso, maneni tandurane Pak Danoen kaya duwekke dhewe bae. Eko lan Suroso ngerahi dhondhong, Margo lan Bali menek wit jambu kluthuk.
O iya, sadurunge penekan mau tangane isih nggladhig. Neng sisih lawang ngarep daleme Pak Danoen rak ana tulisan paten saka cor-coran logam asmane sing kagungan dalem : MOEDANOEN. Ngisore ana tulisan saka papan kang ana tutupe papan uga, kang bisa dislorokake ngiwa-nengen. Yen tutup papan kuwi dislorokake nengen kawaca TIDAK ADA. Lha yen tutup kaslorokake ngiwa kawaca ADA. Dipasang tulisan iki ing pamrih menawa ana pasien mrene supaya ora bingung utawa kecelik.
Tulisan ADA ditambahi hurup ‘K’ ing ngarepe lan hurup ‘L’ ing mburine nganggo kapur, karo tangan –tangan nggladhig kuwi. Saengga kawaca KADAL. Rehne Pak Danoen isih tindak mula tulisan KADAL isih katutup. Sing kawaca sauntara TIDAK ADA. Mungkur kuwi bocah-bocah penekan wit-witan kaya kang dakaturake ing ndhuwur.
Ndilalah, jam 4 sore Pak Danoen kondur saka nambani pasien nitih sepedhah Humber wadon. Bocah-bocah isih neng ndhuwur. Pak Danoen pirsa ora duka. Pak Danoen nyadhari, ngko yen duka bocah-bocah malah ceblok saka wit rak tambah cilaka?! Mandak mek buah-buahan bae kok sing dimangsa. Nanging cah papat rumangsa kaweden karepe dhewe, saengga pating clurut mudhun saka wit. Nganti dhadha lan lengene pating blasur ora dirasakake.
Nha… rehne wis neng ndalem, mula Pak Danoen nylorokake tutup papan mau mangiwa, aweh tandha yen Pak Mantri wis buka anggone praktek neng dalem. Pak Mantri kaget! Maos tulisan ndhuwur : MOEDANOEN, njur ngisore KADAL!!! Pak Danoen duka yayah sinipi!!! Nanging bocah-bocah wis tekan regol lawang pekarangan ngarep.
“Titenana mbesuk yen sunat kene! Daklandheske watu! Dakkethok ngepok kowe!” ngunandikane Pak Danoen kanthi asta kiwa malang kerik, asta tengan ngawasi bocah-bocah. Pasuryane mencereng!
Bocah-bocah ngguyu kuekel!!! Dhasar bocah mbethik-mbethik!
Eee…, nalika bocah-bocah wayahe sunat, sunate kabeh padha neng daleme Pak Mantri Danoen, lha-kok ora dilandhesake watu lan dikethok ngepok?! Kepara malah garapane alus kadya ukiran Jepara! Pak Danoen wis supe nalika dipaeka bocah-bocah biyen kae, apa merga eman nolak rejeki? Embuh, sing pirsa Pak Danoen dhewe. He he he… *** Oyos

Senin, 23 Februari 2009

JEPRET BUDAYA


Ogoh-ogoh adate kang ngleksanani sedulur-sedulur kita kang ngrasuk agama Hindhu. Nanging kang ngarak Ogoh-ogoh iki kabeh para muslim ing adicara Pawai Taaruf mengeti Maulid Nabi Ing sasi Agustus 2006 kepungkur.